PRANATACARA
PEPISAHAN SEKOLAH
Assalamu’alaikum
Warohmatullahi Wabarokatuh
Kepala
SMAN 1 Kalasan ingkang kinabekten, bapak-ibu guru saha karyawan-karyawati
ingkang kinurmatan, para wali murid saha tamu undangan ingkang kula kurmati,
lan para kanca kadhang ingkang kula tresnani.
Sumangga,
langkung rumiyin kula dherekaken muji lan syukur dhumateng ngrasanipun Gusti
Allah ingkang sampun keparing paring kanugrahan ingkang arupi kasarasan,
satemah ing wekdal punika kula lan panjenengan sedaya saged rawuh ing acara
pepisahan kelas XII SMAN 1 Kalasan menika.
Para
rawuh ingkang dahat kinabekten, kula ingkang jinejer panjenengan sedaya
pinangka pranatacara, langkung rumiyin badhe ngaturaken menggah urut
reroncening adicara ingkang sampun rinacik dening para kadhang panitia, yaiku:
1. Pambuka
2. Atur
pangandikan saking Kepala SMAN 1 Kalasan
3. Atur
pangandikan saking wakil kelas XII
4. Atur
pangandikan saking wakil kelas XI
5. Werna-werna
6. Panutup
Mekaten wau rantamaning adicara ingkang
badhe lumampah ing wekdal punika
Para rawuh ingkang
dahat kinabekten, ngengeti wekdal ingkang sampun dungkap siyang, langkung
prayogi menawa adicara menika enggal dipunwiwiti. Tumampak ing adicara ingkang
kaping pisan inggih menika pambuka, sumangga adicara menika dipunwekasi
ndedhonga adedasar agiminipun piyambak-piyambak. Ndhedonga kula dherekaken,
sumangga.
Adicara
ingkang kaping kalih inggih menika Atur pangandikan saking Kepala SMAN 1
Kalasan. Panjenenganipun Ibu Sairoh Bisirotil. Dhumateng Ibu Sairoh Bisirotil
kasumanggakaken.
Maturnuwun dhumateng Ibu Sairoh
Bisirotil. Adicara selajengipun inggih menika atur pangandikan saking wakil
kelas XII. Dhumateng sedherek Umi Mar’atun, wekdal saha papan kasumanggakaken.
Maturnuwun dhumateng sedherek
Umi Mar’atun. Adicara selajengipun inggih menika atur pangandikan saking wakil
kelas XI. Dhumateng sedherek Afif Kurniawan, wekdal saha papan kasumanggakaken.
Sakjalengipun acara
ingkang kaping gangsal inggih menika werna-werna. Sinambi para rawuh ngunjuk
saha dhahar nyamikan, sumangga mirsani tari tradhisional saking kelas X SMAN 1
Kalasan.
Para rawuh ingkang
dahat kinabekten, dungkap adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.
Pramila sumangga acara ing siyang menika dipunpungkasi kanthi ndhedonga sesarengan
adhedasar agaminipun piyambak-piyambak. Ndhedonga kula dherekaken, sumangga.
Maturnuwun.
Para
rawuh ingkang dahat kinabekten, kula minangka pranatacara ngaturaken agunging
samudra pangaksami dhumateng para rawuh sedaya. Pungkasaning atur.
Wassalamu’laikum
Warohmatullahi Wabarokatuh.
Komentar
Posting Komentar